"PEPÉLING"

Wis wanciné tansah diélingké, wis wanciné padha nindakaké, adzan wus kumandhang wayahé sembahyang netepi wajib dhawuhing Pangéran.

Sholat mergi cagaking agama, limang wektu kudu tansah dijaga kanti istiqomah lan sing tuma'ninah luwih sampurna yen berjamaah

Subuh Dzuhur lan Ashar, sholat sayekti ngadohi tindak mungkar Maghrib lan Isya jangkepé prayogané ditambah sholat sunahé

Ja sembrana iku printah agama ngelingana ning ndunya mung sedhéla, sabar lan tawakal pasrah sing Kuwasa yén kepéngin mbésuk munggah suwarga.


~~~~~***~~~~~



Nulisé 200409





Old school Swatch Watches