XtGem Forum catalog
Swuh rep dotopitono bebuko purwaning carito. caritane kang ringgit purwo purwaniro carmo kang cinorek ginambar rineko janmo jamane poro waliolah mangolah rehing agomo agemaning budhi luhur, kelir ginelar pindhane jagat gumelar gelare awarno putih, putih ingkang amengku werdi suci, jagat iku sejatine suci datan kalepetaning dosa, anane dosa mergo soko pokale manungso, Blencong minongko pepadhang ibarat oboring jagat suryo condro lan kartiko, Gedhog keprok imbane keketheking jejantung, Gendhing lan tembang minongko lelaguning ngaurip bungah kelawan susah, Dhalang minongko dhutaning Gusti anyolahaken wayang, Wayang minongko wewayanganing urip olo becik bener lan luput pramilo gegambaring carito sedalu sejatine mung loro mati urip padhang peteng lanang wadon olo kalawan becik, Sing becik pimulato sing olo singkirono, Sopo sing ndhisiki olo ingkono bakal sirno, Sirnane wayang rampung kukud lumebu ing kothak tan probedo koyo manungso, Mung wae yen wayang mlebu kothak sesuk biso dienggo maneh nanging yen to manungso wis mlebu kothak bakalan entuk pengadilan suci soko Gusti Kang Murbeng Dumadi ngundhuh wohing pakarti. Lidhing dongeng yo ingkono mau manungso bakal ngerti lan weruh yen to sejatine Drajat Pangkat lan bondho dunyo ora aji, Sing aji kejobo amung Amal Sholeh budhi pekerti kang nurakabi marang sesami.

Ditulis 10/02/11 dari wayang Ki Manteb